Sabtu, 21 Mei 2011

SYI'IRAN GUSDUR

SYI'IRAN GUSDUR

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji marang Pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan (2x)

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembeh mburine bakan sangsoro (2x)

Akeh kanga pal Qur’an Hadis-e
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekke
Yen isih kotor ati akale (2x)

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto (2x)

Ayo sedulur joh nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane
‘Nggo ngandelake iman teuhid-e
Baguse sangu mulyo matine (2x)

Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune
Laku toreqot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane (2x)

Al-Qur’an qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo (2x)





Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jerohan
Mukjizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman (2x)

Kelawan Alloh Kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadho’i
Dzikir lan sulur jo nganti lali (2x)

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen Iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran (2x)

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo gok sio
Iku sunnahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito (2x)

Ayo nglakoni sakabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate (2x)

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suargo manggone
Utuh mayite ugo ulese (2x)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar